Langsung ke konten utama

Menyusun Pedoman Pengamatan dan Daftar Wawancara Penelitian Sosial tentang Pengaruh Wisata Karangjahe Terhadap Perubahan sosial Masyarakat Desa Punjulharjo


 Daftar Pertanyaan:

1. Biodata Informal

-Nyuwun sewu buk/pak/mbah,nyuwun perso asmane njenengan sinten? 

-Yuswane njenengan pinten?

-Njenengan asli desa mriki nopo mboten?

-Nyuwun perso asmane garwane njenengan sinten?

-Merdamele njenengan kaleh garwane njenengan nopo?


2. Asal-Usul Nama Desa

-Buk/pak/mbah, Asal usul desa punjulharjo niku pripon?

-Sinten pertama kali ingkang ngasmani desa Punjulharjo?

-Teng mriki dukuhe wonten pinten?

-kok saged diasmani dukuh niku asal usule pripon?

-Teng desa mriki niku wonten pundene nopo mboten?

-Kak wonten nopo mawon pundene?

-Asal usule pripun?


3. Keadaan Penduduk

-Ingkang seng manggen mriki pertama kali niku sinten?

-Keadaane penduduk jaman riyen kaleh sak niki niku pripon? 

-Setiap griyo biasane dinggeni tiyang pinten?

-Kesehariane penduduk jaman riyen mriki niki nopo?

-Yen sakniki kesehariane nopo Mbah/Pak/Buk


4. Tata Ruang Tempo

-Keadaane desa mriki jaman riyen kaleh sak niki niku pripon?

-Keadaane dalan jaman riyen niku pripon?

-Jaman riyen sak derenge didamel wisata karang jahe niku pinggir pantaine ditanduri nopo mawon?

-Teng mriki nate wonten banjir nopo mboten?


5. Sumber Pangan 

-Buk/Pak/mbah, Jaman riyen sumber pangane tiyang mriki niku nopo?petani, mbelah, nambak, nopo ternak, buruh, kuli?

-Mbah/Pak/Bu Sawahe deso mriki niku sebelah pundi?

-Mbah/Pak/Bu biasane ditanduri nopa ing ladang mriki?


Petani:

-Buk/pak/mbah, biasane sek ditandur teng ladang niku mawon?

-Pripon carane nandur?

-Biasane hasil panene niku diagem pinyambak nopo disadhe?

-Nak disadhe niku biasane penghasilane pinten?

-Yen menawi diagem piyambak kiat pinten ulan?


Mbelah:

-Mbah tyang mbelah niki niku bagian nopo?

-Mbelahe tiyang mriki niku nopo?

-Mbelah niku biasane pinten dinten?

-Yen menawi mbelah biasane angsal iwak nopo mawon?

-Biasane mbelahe ngagem prahu alit nopo ageng?

-Ngoten niku hasil mbelahe disadhe piyambak nopo disetor-setorke?

-Cara bagi hasil mbelahe niku pripon?

-Carane masakan Kuliner tiyang mriki niku nopo?

-Cara masake pripon?


Tambakan:

-Buk/pak/mbah, Teng mriki niku tambake sebelah pundi?

-Tambak mriki niku diagem uyahan nopo bandengan?

-Tambake wonten asmane nopo mboten?

-Toya tambake niku saking pundi?

-Mbah yen sangking kali niku kali pundi? sungutan, tambal, ombang

-Jaman riyen kaleh sakniki niku wonten perubahan luas nopo mboten?

-Wonten perubahan hak milik tombak napa mboten ?

-Yen wayah uyahan kaleh bandengan niku biasane musim nopo?

-Biasane milahi wulan nopo ngantos wulan nopo?

-Carane ndamel uyah kaleh bandengan jaman riyen kaleh sak niki benten nopo mboten?

-Jumlah petani tambak bandeng, uyah, kaleh pekerja teng karang jahe niku katah pundi?

-Yen wayah uyahan hasile pinten?

-Yen wayah bandingan hasile ponten?


Ternak:

-Buk/pak/mbah, Ternake tiyang mriki niku biasane nopo?

-Ngoten niku pakan ternake saking pundi? Tumbas nopo golek pakan piyambak?

-Biasane hasil ternake niku diagem nopo?


Buruh:

-Jaman regen tiyang niki nggh wonten ingkang buruh mbah?

Biasone Buruh napa?


6. Pemimpin Masa Lalu

-Buk/pak/mbah, Desa mriki sampon gantos pinten petinggi?

-Asmane sinten mawon?asal pundi?mbangun nopo mawon?


7. Fasilitas Publik

-Buk/pak/mbah, tahun pinten listrik masuk mriki?

-Sak derenge wonten listrik desa mriki ngangge nopo?

-Tahun pinten dalan mriki diaspal?

-Tahun pinten masjid niki dibangun?

-Buk/pak/mbah, teng mriki wonten sekolahan nopo mboten?

-Teng desa mriki wonten lapangane nopo mboten?

-Buk/pak/mbah, Kantor desane mriki niku sebelah pundi?


8. Pengaruh Wisata Pantai

Kegiatan masyarakat/pekerjaan:

-Jaman riyen tiyang mriki merdamel nopo?

-warga mriki enten sing merantau mbah/pak/buk?

-Rata-rata tiyang mriki merdamel e nopo pak/buk/mbah?

-Larik mriki bakda lulus sekolah neruske kuliah nopo kerjo?

-Ibu ibu mriki niku merdamel nopo mboten,nek merdamel niku merdamel nopo?

Penggunaan lahan:

-Sawah mriki ditanduri nopo mawon pak/buk/mbah?

-Hasil tambak uyah niku di setorke teng luar wilayah nopo diolah kiyambak?

Bentuk bangunan rumah

-Bentuk bangunan rumah mriki sampun modern nopo tasih tradisional pak/buk/mbah

Perabot Rumah Tangga:

-Teng mriki wonten seng dodolan prabot omahan nopo mboten pak/buk/mbah?

Pendidikan:

-Larik akehe lulusan sekolah nopo 

Perdagangan dan jasa:

-Warga teng mriki niku akehe do merdamel nopo pak/buk/mbah?

-Akehe podo dagang nopo pak/buk/mbah?

Jenis mainan anak‐anak:

-Teng mriki niku larik-larik cilik nek dolanan pripun pak/buk/mbah? Dolanan bareng nopo podo dolanan hp teng omah?

-Mainane niku nopo biasane pak/buk/mbah?

Supplai air bersih:

-Sumber toyo resik teng mriki niku ngangge sanyo, sumur tah nopo pak/buk/mbah? 

-Panggonane teng pundi?

-Teng mriki sampun kecukupan air bersih nopo dereng mbah/pak/buk?

-Teng mriki yen bade madosi toyo resik angel nopo mboten?

-Jaman riyen yen madosi toyo niku wonten teng punden pak/buk/mbah?

Kesehatan dan Persalinan:

-Teng deso mriki wonten Puskesmas nopo bedan pak/buk/mbah?

-Biasane nek wonten seng arep nglairke niku teng pundi pak/buk/mbah?

Kesenian:

-Teng mriki wonten warisan budaya saka wong jaman riyen mboten pak/buk/mbah? (Menawi tarian, alat-alat kris)

-Bentuke nopo?

Persoalan Masalah:

-Teng mriki pernah wonten masalah nopo mboten pak/buk/mbah?

Komentar